Selasa, 03 Mei 2011

MODUL PERTEMUAN X


Pertemuan X

A.   Undha-Usuk Basa


Text Box: • Standar Kompetensi:
Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan dan perasaan lisan melalui kegiatan berpidato, bercerita dan berdialog dalam berbagai ragam dengan unggah-ungguh bahasa yang sesuai
• Kompetensi Dasar:
 Berdialog dengan orang tua atau orang yang lebih tua
• Indikator:
 Berkomunikasin atau bertanya jawab dengan orang tua atau orang yang lebih tua sesuai konteks pembiacaraan  dan unggah-ungguh bahasa yang benar.
 








       I.            RINGKESANING WULANGAN.
Manungsa ora bisa urip dhewe, mula neng uripe sedina-dina manungsa, mesthi mbutuhake sesambungan karo liyane. Sarana sesmabungan iku yakuwi gegguneman. Geguneman iku uga ana tata krama utawa unggah-ungguh basane kang bener. Pa maneh yen guneman iku karo wong tuwane utawa wong kang luwih tuwe. Mula iku, ungah-ungguh basa utawa tata kramane basa perlu diajarake sakawit cilik supaya padha mangerteni lan bisa nganggo tembung-tembung lan ukara-ukara basa Jawa Krama.

Wacanen kanthi suwara, ucapan, kedal,lan lagu kang premati! Prayoga kawaca bocah loro

Pangineman
1.      A : Panjenengan wungu pukul pinten?
B : Kula tangi watawis pukul gangsal.
2.      A : Panjenengan punapa kulina sare ing wanci siyang?
B : Kula mila kulina tilem ing wanci siyang.

3.      A : Mangga, kula aturi ngunjuk.
B : Inggih kula badhe ngombe malih.

4.      A : Mangga, kula aturi dhahar.
B : Matur nuwun, kula sampun nedha.

5.      A : Punapa panjenengan asring siram mawi toya anget?
B : Kula kulina adus mawi toya asrep kemawon.

6.      A : Sampun jumeneng, mangga kula aturi lenggah.
B : Taksih sumuk, kula ngadeg rumiyin, mangke kula linggih ing ngriku.

7.      A : Mangga, kula aturi mriksani foto-foto punika.
B : Kula sampun ningali kaping kalih
.
8.      A : ingkang putra (putra panjenengan) sami wonten ing pundi?
B : Anak kula sami wonten ing mancanegari.

9.      A : Kula aturi ngagem cathetan punika!
B : Kula ngangge punika kemawon.

10.  A : Punapa benjing enjing Panjenengan saestu tindak Baturaden?
B : Menawi pikantuk kanca, kula badhe kesah mrika.

11.  A : Punapa kagunganipun songsong? (songsong panjenengan)
B : Punika sanes payung kula, gadhahan kula sampun kula pendhet.

12.  A : Mangga, kula aturi mundhut rumiyin.
B : Kula sampun mendhet ingkang ageng.

13.  A : Sampun dangu rawuh Panjenengan?
B : Kula dhateng saweg kemawon.

14.  A : Sampun kesesa kondur!
B : Kula enggal badhe mantuk, bandhe wonten pepanggihan.

15.  A : Kala wau Panjenengan ngendika punapa?
B : Kula cariyos bilih sampun tampi serat Panjenengan.

16.  A : Punapa Panjenengan ngasta kalender satus taunan?
B : Kula mboten mbekta sapunika, kala wingi kula bekta.

17.  A : Panjenengan sampun prisa dalemipun Pak Edhi?
B : Inggih kula sampun sumerep.

18.  A : Sanes wekdal kula aturi ameng-ameng mrika.
B : Sanes wekdal kula dolan mrika.

19.  A : Sinten asma Panjenengan ingkang jangkep?
B : Nama kula ingkang jangkep Hertiandito.

20.  A : Punapa perlu nyare?
B : Saenipun, nyipeng sadalu.

   II.            GLADHEN

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki, nganggo tembung kang pas minangka gantine tembung kang kacithak kandel!

1.      A : Saestu mundhut tahu Tegal?
B : Temtu kula …, punika kula remen sanget.

2.      A : Pak Suka titihanipun punapa?
B : … kula Kijang.

3.      A : Punika ingkang raka?
B : Inggih, punika … kula.

4.      A : Punika ingkang Eyang?
B : Inggih, punika … kula.

5.      A : Menawi asrep, ngagem singep.
B : Kula mboten kulina ngagem …

6.      A : Kathah riwenipun.
B : Mila kathah … kula.

7.      A : Panjenengan miyos kala taun pinten?
B : Kula … taun 1972.

8.      A : Ingkang putra ingkang kakung pinten, ingkang putri pinten?
B : Anak kula ingkang … kalih, ingkang … inggih kalih.

9.      A : Punapa bibar gerah?
B : Kala emben … kalih dinten.

10.  A : Paningal (soca) panjenengan kok radi abrit.
B : Kala wau … kula klilipen.

11.  A : Punika foto Panjenengan kala taksih …
B : Inggih, punika kula kala taksih enem.

12.  A : Punapa … Panjenengan sampun wonten ingkang pethek?
B : Leres, Rambut kula sampun wonten ingkang pethak.

13.  A : Panjenengan punapa sampun … pawartosipun?
B : Kula inggih sampun mireng bab punika.

14.  A : Panjenengan … bab punika?
B : Kula nyuwun priksa bab panyeratipun.
C : Kula ... dhateng lare punika pinten reginipun.

15.  A : … pundi?
B : Kula mlampah medal sirandha.

16.  A : Mangga, … rumiyin.
B : Inggih kula wisuh sekedhap.

17.  A : Rak mboten … ta … Panjenengan?
B : Weteng kula mboten  sakit.

18.  A : Punapa kersa … toya degan.
B : Kula purun ngombe toya degan.

19.  A : Saweg … punapa?
B : Saweg manah amrih prayoginipun.

20.  A : Panjenengan badhe … punapa?
B : Kula badhe matur menawi pedamelan kula sampun rampung.   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar