Selasa, 03 Mei 2011

KUMPULAN MODUL B JAWA SMA KLS XI


Pertemuan I

A.   Micara Pidhato/khotbah


Text Box: • Standar Kompetensi:
Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagsan dan perasaan lisan melalui kegiatan berpidato, bercerita dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa jawa dengan unggah-ungguh bahasa yang sesuai
• Kompetensi Dasar:
 Berpidato dalam forum rapat, perhelatan, upacara , peringatan, dan sebaginya.
• Indikator:
Menyusun pokok-pokok pidato dalam berbagai ragam bahasa jawa termasuk bahasa   Jawa dialek
Memiliki keberanian dan mampu berpidato dengan lafal, intonasi, dan irama yang sesuai dalam berbagai ragam bahasa Jawa termasuk bahasa Jawa dialek.
 










I.                   RINGKESANING WULANGAN

Pidhato utawa tanggap wacana yaiku njlentrehake idhe  utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh. Uga bisa kasebut pidhato iku wacan kang disiapake kanggo diucapke marang wong akeh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku werna-werna, ana kang tujuane kanggo menehi hiburan, menehi informasi, utawa ajak-ajak marang kang rungokake supaya nindaki apa kang dikarepake pemicara.
1.1 Miturut Tujuane Pidhato
a.       Menehi hiburan
Pidhato jinis iki ditindakake ana ing acara pahargyan. Dene tujuane yakuwi supaya acara iku bisa sumringah lan meriah. Pemicara mung ngandarake babagan kang gawe seneng lan bungah, uga nganggo basa kang santai lan raket.
b.      Menehi kawruhe/informasi
Pidhato iki isine ngandharake babagan kang sacetha-cethane, supaya pemireng mangerti. Pemicara bisa nganggo conto, mbandingake, nerangake, lan liya-liyane kang kabeh mau gunane kanggo njelasake marang pemirenge.
c.       Ajak-ajak
Pemicara ngandharake alewsan, bukti lan conto supaya pemirenge gelem nindakake kaya apa kang dikarepake pemicara. Pidhato iki umume jinis pidhato kampanye arep pamilihan umum.
Dene miturut kaanane, jinise pidhato iku uga werna-werna, yakuwi: kaanan resmi, setengah resmi, ora resmi, lan sapanunggalane.
1.2 Miturut Kaanane
a         Kaanan resmi
Kanggo kaanan resmi, lumrahe pemicara maca naskah kang wis disiapke supaya ora salah anggone pidhato lan naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip. Pemicara ora bisa ngandharake pidhatone sakarepe dhewe amarga wektune wis diatur.
b        Kaanan setengah resmi
Pemicara bisa ngandharake pidhatone rada longgar. Nagnging, kesan resmi kudu tetep digatekake.
c         Kaanan ora resmi
Pemicara bisa ngandharake pidhatone miturut tujuan utawa selerane pemirenge.
d        Kaanan liya-liyane
Saliyane kaanan kang wis kaandharake iku, isih ana kaanan kang uga nduweni pengaruh  marang cara ngandharake pidhato, yaiku pemirenge lungguh apa ngadeg, wektune esuk apa awan, anggone pidhato dhewe apa karo wong liya. Contonr, yen pemirenge ngadeg pidhatone kanthi singkat bae.
Kepriye carane pidhato kang apik lan kasil bakal dijlentrehake ing kene. Wektu pidhato, pemicara iku digatekake dening kabeh kang rungokake. Kabeh kang ana ing pamicara saka klambi, rambute, tekan carane mlaku tekan podium digatekake dening pemirenge. Keperiye carane ngadeg uga ora luput saka pengamatane pemireng pidhato iku. Apa kang ora pas saka pemicara bisa dadi bahan panacad dening pemireng. Panacad iku nyebabake  pidhatone ora kasil kanthi apik.
Mula iku, neng ngisor iki dijlentrehake kepriye carane supaya anggone pidahto ora nguciwani.
1.    Carane Nganggo Klambi
Klambine kudu resik, rapi, sopan, lan sesuai karo kaanane pemireng pidhato iku. Carane nganggo panganggon utawa klambi kudu bener lan pener, upamane: pecine ora miring, dasine anggone nalekake wis bener, utawa setute ora kuwalik. Jinise klambi uga kudu nyesuaiake karo pemirenge, yen pemirenge nganggo jas pemicarane becike uga nganggo jas, yen pemirenge nganggo hem lengen dawa becike pemicarane uga nganggo hem lengen dawa.
2.    Carane Ngadeg neng Podium
Sadurunge diwenehi wektu dening wong kang macakake pranata adicara, becike pemicara lungguh ana papan kang rada ndhelik. Aja lungguh ana ngarepe pemireng, amarga penampilane mengko ora duwe daya kejut. Anggone mlaku anuju podium kudu kanthi lumrah, ora digawe-gawe. Sadueunge ngomong, ambegan lan nyawang kabeh para pemirenge kanthi sumringah. Anggone ngadeg kanthi jejeg lan aja nyendherake awak ning podium.
3.    Carane Nggoceki mikrofon
Mikrofon kang ana standare ora perlu digoceki bola-bali amarga bisa muni lan mbrebegi. Dene mikrofon kan ora ana standare digoceki kanthi lumrah bae. Aja dolanan kabel utawa nggaya kaya penyanyi neing panggung. Mikrofon karo lambe aja kecedhaken utawa kadohan.
4.    Carane pidhato
Carane pidhato iku ana papat, yakuwi: maca naskah, ngapalake, spontanitas, lan njlentrehake utawa njabarake kerangka pikiran.   

*      Tindakna tanggap wacana (pidhato) pengetan ambal warsa ing ngisor iki! Gatekna kedal, ucapan, lan lagune! Uga caramu ndeleng lan ngadeg!
a      Nuwun 
b1  Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah, ingkang pantes sinudarsana, Bapak saha Ibu Guru, ingkang kinurmatan Bapak tuwin Ibu Karyawan, Para kadhang wredha mudha siswa SMA Negeri 3 Magelang ingkang kula tresnani.
b2  Langkung rumiyin sumangga kula Panjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan. Inggih awit sih nugraha sarta brekahipun, kula Panjenengan saged oinganggih ing papan punika kanthi bagya mulya, kalis ing sambekala.
b3  Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitia, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh panjenengan, saged adamel regenging swasana. Awit saking punika, kula ngaturaken agenging panuwun. Boten kesupen, kula ngaturaken gunging panuwun dhumatheng Bapak Kepala Sekolah ingkang sampun paring idi palilah murih kaleksananipun sedaya pangetan ambal warsa SMA N 3 Magelang ingkang kaping 25 ing kalenggahan siyang punika. Uji kula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Bapak saha Ibu Guru sumambrah Para Karyawan ingkang kepareng paring eguh pratikel murih pratising adicara. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng Para kadang wredha mudha siswa SMA, ingkang asung sabiyantu ngantos adicara punika saged lumampah.
c1  Para Bapak, Ibu, sarta kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. Kados sampun kauningan ing ngakathah bilih rikala tanggal 10 Maret 1978 sekolah punika manggen ing ngriki.
c2  Dene wosing gati wigatosing perlu, panjenengan kasuwunan rawuh ing pahargyan punika saperlu mengeti dinten ingkang mirunggan punika. Wondene ancas ingkang kinandhut, mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ngandelaken tekad majengaken panggulawentah umumipun, ningkataken prestasi sekolah tuwin akhlakipun para mliginipun.
d1 Menggah wedharan sajangkepipun mungguhing pengetan ambal warasa SMA N 3 Magelang dalah pameran, bazar, tuwin dhebat mawi basa Jawi, badhe kababar dening panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah. Mugi-mugi kanthi wedharan punika mangke, mliginipun para siswa tumanggap ing karya bilih labuh labetipun para sesepuh tuwin alumni SMA rikala semanten sanyata mboten entheng. Ingkang tundhonipun saged nglajengaken semangatipun, pangurbananipun. Boten babad wana awrat, boten ugi damel margi tumuju ing sekolah, nanging alelandhesan pikir ngukir sekolah ingkang majeng, ing babagan prestasi punapa dene akhlak.
d2 Awit saking punika, kula nyuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah kersaa paring wedharan pengetan ambal warsa SMA kalajengaken mbikak adicara pameran, bazar, dalah dhebat mawi basa Jawi.
e      Ing wasana, sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara. Namung kemawon, mbokbilih lampahing adicara punika kirang mranani panggalih panjenengan, panitya nyuwun pangaksami. Dene kula pribadi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra.
f       Nuwun. Matur nuwun.

Tanggap wacana pengetan ing dhuwur iku nyangkup: salam pambuka, purwaka basa, surasa basa, pangarep-arep, wasana basa, lan salam panutup. Supaya wedharaning tanggap wacana bisa rancag, gangsar, lan lancar, kudu kerep gladhen luwih disik. Denen gladhen kang sanyata kudu diwiwti saka weharing gagasan. Supaya wedharing gagasan bisa urut runtut, kudu digawe cengkorongane luwih dhisik.
Tuladha tanggap wacana ing dhuwur, cengkorongane mangkene.
a         Salam pambuka
b        Purwaka basa
b1  Atur pakurmatan
Ø Bapak Kepala Sekolah
Ø Bapak lan Ibu Guru
Ø Bapak lan Ibu Karyawan
Ø Para mitra sasama siswa
b2  Pangajak puja-puji
Ø Pribadi
Ø Para rawuh
b3  Atur panuwun
Ø Para rawuh
Ø Para panjurung
Ø Para panyengkuyung
c         Surasa basa
c1  Wedharan sawetara
Ø Prastawa pengetan ambal warsa
Ø Dhasaring pahargyan
c2  Wosing gati wigatining perlu
Ø Kasuwun rawuh
Ø Ancas tumapaking adicara
d        Pangarep-arep
            Gegayutan karo pengetan ambal warsa
Ø Nulad semangate para sesepuh lan alumni SMA
Ø Njumbuhake karo kahanan jaman saiki
e         Wasana basa
            Nyuwun pangapura
Ø Bab adicara
Ø Bab solah bawa
Ø Bab tata tembung
f         Salam penutup
II.                GLADHEN
1.    Kepriye anggone pidhato kancamu mau? Kandhakna apa kang wis apik, apa dene kekurangane!
2.    Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
a         Apa bae isine pidhato iku?
b        Kepriye munguhe maca phidato kang apik?
c         Pidhato ing dhuwur kalebu pidhato apa?

Gladhen omah
1.    Gawea tanggap wacana (pidhato) pengetan dina Kartini ing sekolamu! Supaya naskah sesorahmu bisa genah, pilah-pilahen gagasan lan gawea cengkorongan luwih dhisik!
2.    Majua siji-siji ing ngarep kelas, aturna tanggapane wacana kang wis kokgawe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar