Selasa, 03 Mei 2011

MODUL PERTEMUAN VI

Pertemuan VI

A.   Text Box: • Standar Kompetensi:
      Menulis surat dan teks sambutan
• Kompetensi Dasar:
 Menulis surat pribadi
• Indikator:
    Mengidentifikasi struktur surat pribadi
    Menentukan komponen-komponen surat pribadi
    Menulis dan menyunting surat dengan memperhatikan penggunaan EYD, diksi, dan     bahasaMenulis Surat








       I.            RINGKESANING WULANGAN.

Layang utawi serat punika, kalebet iketaning basa gancar ingkang mawi paugeran, paugeran punika manut lan kajumbuhaken kaliyan unggah – ungguhing pasrawungan. Nyerat serat punika wonten tatananipun, tatanan punika adhedhasar, ingkang ngirim lan ingkang dipunkirimi.

Perkawis ingkang wigatos lan kedah dipunmangertosi salebeting panyerataning serat
utawi layang ;
a      Panyerating asma kedah jangkep, langkung prayogi menawi kaserat pangkat, lan   kalenggahanipun.
b       Panyerating alamat / papan dunungipun ingkang dipunkirimi serat kedah jangkep lan cetha.
c      Panyerating titi mangsa kapacak ing sisih tengen.
d     Dipunwigatosaken bab adangiyahipun, inggih punika, pandonga, pamuji, pakurmatan ing purwakaning serat.
e      Pamilihing paprenahan lan tembung tandha pakurmatan kedah leres lan manut pranatan ingkang lumampah.
f       Dluwang, mangsi lan amplopipun kedah ingkang saé.

Manut isi lan ancasipun layang utawi serat kapérang dados 4 (sekawan), kadosta ;
1.    Layang Kitir, layang ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé nyenyuwun tulung tumrap ingkang dipunkirimi layang / serat.
2.    Layang Iber, layang ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé paring/caos pawarta ingkang sampun lumampah.
3.    Layang Ulem, layang ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé ngaturi uleman upacara pawiwahan, tetakan, pèngetan, lsp.
4.    Layang Dhines, layang ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé kaperluwan dhines kantoran.


Miturut perangane, layang anduweni 7 perangan, antarane :
1.      Adangiyah (adawiyah)
Nelakake unggah unguhe sing kirim marang sing dikirimi, kayata :
a         Marang sadulur utawa kanca-kanca kang sapadha-padha, nganggo unen-unen : salamku, taklimku, ingkang tklim, lansanesipun.
b        Marang sadulur enom utawa marang sapadha-padha, nganggo unen-unen : salam taklim.
c         Marang sadulur enom kang perlu diajeni, nganggo unen-unen : ingkang salam.
d        Saka wong enom marang wong tuwane dhewe, nganggo unen-unen : ingkang sembah pangabekti.
e         Saka wong tuwa marang anak putu, nganggo unen-unen: pandongaku.
2.      Pambuka (bebuka/ satata basa)
Kabar kaslametan sing dikirim lan pangarep-arep supaya sing dikirimi iya slamet.
3.      Surasa basa (isi)
Nelakake apa bae sing perlu dikabarake ing layang.
4.      Wasana basa (panutup)
Panjaluk utawa panjurung kang gandheng karo isine layang.
5.      Papan lan titimangsa
Panggonan lan tanggal nalika ditulis marang sing dikirimi
6.      Paprenahan
Tetembungan kanggo nelakake prenahe wong sing dikirim karo wong sing dikirimi    layang, kaya ta:
Ø  Mitramu
Ø  Ibumu
Ø  Bapak
7.      Jeneng (tandha tangan) sing kirim layang.  

Tuladha layang miturut perangane :

1)      Salam marang kanca-kanca klas 1 SLTP 1 ing Pekalongan.
2)      Kanthi layang iki aku kirim kabar keslametan, muga-muga kanca-kanca ing kene uga tansah pinaring bagas waras.
3)      Kajaba saka iku, perlu dikabarake menawa aku saiki wis sekolah ana SLTP 1 ing Sala. Ana ing Sala aku wis krasan. Kancaku akeh, lan tumaindakmenyang aku padha becik. Kabeh wulangan bisa daktampa kanthi lancar muga-muga sateruse mengko. Guruku apik-apik, mulange cetho banget. Aku kerep didawuhi maju, nyritakake pengalamanku nalika ana ing Pekalongan.
4)      Sasuwene ana Sala aku kerep didhawuhi ndherek bapak karo ibu mubeng-mubeng nonton kutha Sala. Wah kutha Sala iku kuthane rame banget.
5)      Aku wis kangen karo kanca-kanca ing Pekalongan. Dakangkah besok yen libur Cawu I aku bisa tilik menyang Pekalongan.
6)      Wis ya cukup semene, liya dina disambung maneh. Salam ku marang kanca-kanca ing kene.

7)                Sala, 5 Mei 2000        
                   Mitramu

               Tini


Wacanen batin layang iki !
             
Sembah bekti
Katur Rama saha Ibu Wasista Raharja ing dalem
             
                      Nuwun, keparenga ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah pinanggih wilujeng. Mugi-mugi Bapak saha Ibu makaten ugi.
          Kajawi saking punika, ngaturi priksa bilih benjing liburan inggah-inggahan kelas, kula mboten saged wangsul jalaran badhe ndherek kemping dhateng Gedhong sanga, Bandungan, Ambarawa. Dene ragadipun sedaya Rp 75.000,00 (pitung dasa gangsal ewu rupiah). Rapat kasebat kedah sampun kabayar tanggal 30 Mei 2005. Pramila keparengan Bapak tuwin Ibu paring kintunan arta kangge nyekapi kabetahan punika. Ingkang punika kula namung nyendhikani dhawuh.
Wasana cekap semanten lan mbokbilih wonten klinta-klintuning atur, keng putra nyuwun panganpunten.
             

                                                                                              Semarang, 1 Mei 2005
                                                                                                    Ingkang putra,

Kanthi

    II.            GLADHEN

1.    Tulisen wangsulane pitakon-pitakon iki kanthi pitits!
a         Layang ing ndhuwur iku saka sapa menyang sapa ?
Serat ing ngigggil punika saking.....dhumateng.....
b        Apa surasane layang mau ?
Suraosipun serat punika...
c         Manut undha-usuking basa, nganggo basa apa layang ing dhuwur iku ?
Manut undha-usuking basa, serat ing nginggil punika ngangge basa...
d        Kapan layang ing dhuwur iku katulis ?
Serat ing nginggil punika kaserat....
e         Layang ing ndhuwur iku ana pitung perangan. Aranana perangan !
Serat ing nginggol punika wonten pitung perangan. Peranganipun inggih punika...

GARAPAN OMAH
            Gaweya layang marang Eyangmu sing ana ing Surabaya, isine matur yen liburan unggah-unggahan ora bisa sowan amarga kowe melu kemping ing ing Gedhong Sanga, Bandungan, Ambarawa ! trepna peranganing layang kanthi bener ! tulisane bener, rapi, tur cetha kawaca! Aturna marang Bapak utawa Ibu supaya katitipriksa !

Tidak ada komentar:

Posting Komentar