Selasa, 03 Mei 2011

MODUL PERTEMUAN II


Pertemuan II

A.   Bercerita Tentang Pengalaman Pribadi


Text Box: • Standar Kompetensi:
Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan lisan melalui kegiatan berpidato, bercerita, dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa Jawa dengan unggah-ungguh bahasa yang sesuai.
• Kompetensi Dasar:
 Berbicara tentang pengalaman pribadi.
• Indikator:
Menceritakan pengalaman pribadi yang berkesan dalam berbagai ragam bahasa Jawa termasuk bahasa Jawa Dialek.
Menjawab pertanyaan tentang materi yang diceritakan
 










I.                   RINGKESANING WULANGAN
Pengalaman iku sawijining prastawa kang wis dialami. Para siswa mesti duwe crita pengalaman pribadi, amarga kabeh siswa wis ngalami prastawa ana ing kaluarga, sekolah, utawa masyarakat. Pengalaman pribadi iku bisa kang nyenengke utawa nyusahake. Ing wulangan iki, Para siswa gladhun maju ing ngarep kelas nyritakake pengalaman.
 Critakake pengalaman pribadi iku luwih angel tinimbang ndongeng. Yen ndongeng iku ora perlu abot anggone mikir lan wedi salah, nanging critakake pengalaman ora kaya mangkono. Critakkake pengalaman iku perlu ngeling-ngeling lan milih salah sijine pengalaman, banjur diandharake ana ing ukara-ikara kang urut. Lumrahe, wong kang ngrungokakae crita iku seneng yen dicritani crita kang lucu, dramatis, aneh, utawa nyengsemake ati. Mula iku, wong kang crita anggone critakake pengalamane kudu kreatif ngrekayasa supaya critane luwih menarik lan nyengsemake ati. Saliyane iku, anggone crita kudu gatekake tata kramane basa.
Supaya gampang anggonmu crita, crita kanga rep kokandharake bisa digawe kerangka dhisik, banjur ning garep kelas kokandharake kanthi kreasimu dhewe. Nganggo tembung tembung lan ukara-ukara kang cetha lan bisa nyengsemake, supaya kang ngrungoake padha seneng. Yen wis rampung anggonmu crita, wangsulana pitakon-pitakon saka kancamu.
II.                Wacan.
Wacanen sajroning ati!  

Ibu Kang Mapag Bebaya
Sadurunge tsunami teka, banyu segara kober surut 3 km saka lambe pesisir. Kacarita, nguningani banyu segara asat, para wisatawan kang lagi piknik ing pesisir Hat Ray Thailand, rame-rame nyemplungi segara kana sat mau. Tanpa kanyana, saka tengah samodra muncul ombak gumulung kang dhuwure ngluwihi wit klapa. Karin Svaevered, 37b taun, kang lagi meruhi tekane bebaya enggal-enggal mbengoki anake, Filip, Anton, lan Victor kang lagi asyik dolanan ing samodra kanga sat. nanging pambengoke si Biyung ora dirungu. Rehne gumulung ombak saya cedhak, Karin wisatawan saka Swedia iku nekad mlayu nyemplung segara lan nggeret anak-anake menyang pesisir. Ewadenene jangkahe kalah cepet karo tekane banyu. Karin saanake kegulung ombak tsunami. Nanging Karin saanake slamet nadyan kober dionclangake ombak rada adoh. Manut Karin, nalika dheweke mburu anake, atusan wisatawan liyane dururng nglegewo marang bebaya kang ngincim. Karin ora ngerti kepriye nasibe wong-wong mau.
Kapethik saka: Panyebar Semangat, 15 Januari 2005

Simbah kang Daktresnani
Simbahku wis sepuh banget, wong yuswane bae wis meh satus taun, dadi ya wis ora pati miring, tur yen mrikasani wis ora cetha. Ananging isih rosa, ora gelem melu anak-anake malah milih urip dhewe ana ndesa, penere ana Sukoharjo.
Tanggal 14 Mei kepungkur, kebeneran ana prei rada dawa. Mula putu-putune sing nyambut gawe ana Semarang, Jakarta, lan Banyuwangi padha kangsen tilik Simbah bareng-bareng. Budhale dhewe-dhewe njujug daleme Simbah. Saka daleme Simbah mengko lagi padha bebarengan tilik Bapak-Ibu.
Jam sewelas awan kabeh wis padha kumpul ana daleme Simbah. Marga wis suwe ora ketemu mula gayeng banget anggone padha crita. Ya nyritakakae gawean, kancane, Simbah nyela “Ketemu sedulur ngene iki mbok padha crita, sing rame kae, kok mung padha jagongan karo pandeng-pandengan ki piye?” We lha, genahe Simbah ki ora miring olehe padha crita ngethuprus iki mau.
Bareng wis jam papat sore kabeh padha tata-tata arep bali, terus nyedaki Simbah, “Mbah, ajeng pamit.” Sing dipamiti sajak ora mudheng. “Mbah ajeng pamit,” saiki olehe pamit karo rada mbengok. “Ha,…. ?Arep ngarit.” Jebul pamit ki mirenge ngaret. “Ajeng wangsul, Mbah” kandhane Adhiku seru banget. “Wis pokoke ora sah ngarit, ora sah macul,” ngono wangsulane simbah. O alah…..wangsul kok mirenge macul.
Yen pamit nganggo tembung simbah ora miring, saiki mbakyuku nyoba pamit kanthi ngathungake tangane ngajak salaman. Tangane pancen terus ditampa karo Simbah, nanging ora kok males salaman malah ngiling-ngilingi gelang sing dienggo mbakyuku karo ngendika, “Gelangmu apik temen,ta” Bubar kuwi simbah terus mak klepat ubet ana pawon. Bocah telu padha kinthal-kinthil ngetutake ana mburine saperlu pamit, ananing Simbah meksa ora mudheng. Wengi kuwi sidane kabeh padha nginep ana Daleme Simbah. Ora tega ninggalake simbah dhewe.
Apa tumon, pamit saka jam papat sore nganti jam enem sore kok ora kasil?
Kapethik saka: Panjebar Semangat, 6 Desember 2003 kanthi pangowahan saperlune.

III.             GLADHEN
Gladhen I
1.      Wangsulana wacan ing ndhuwur iku (wacan I)!
a.       Ing endi kedadean ing ndhuwur iku?
b.      Sapa bae sing lagi keceh lan seneng-seneng ing segara?
c.       Kena apa Karin mbengoki anak-anake?
d.      Kepriye wusanane nasibe bocah-bocah iku?
e.       Sepira dhuwure ombak tsunami manut wacan iku?
2.      Dhiskusekna karo kanca-kancamu, endi tumindak kang mujudake kasih saying marang sapadha-padha!
3.      Gatekna tembung-tembung kang kaecap miring iki!
a.       Simbahku wis sepuh banget, wong yuswane bae wis meh satus taun, dadi ora pati mireng, tur yen mriksani wis ora cetha.
b.      Budhale dhewe-dhewe njujug daleme Simbah.
Apa tembung-tembung kang kaecap miring iku kudu mangkono? Apa ora bisa diganti liyane, upama sepuh diganti tuwa, yuswane diganti umure, mireng diganti krungu, daleme diganti omahe? Wenehana andharan sawetara!
4.      Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!
c.       Simbahku yuswane wis satus taun.
Adhiku…..lagi rong puluh taun.
d.      Budhale dhewe-dhewe njujug daleme Simbah.
Sedulur –seduliurku mangkat saka…..dhewe-dhewe.
e.       Simbahku ngendika, “Gelangmu apik temen, ta?”
Mbakyuku…., “inggih Mbah.”
f.       Pak Guru duka , amarga bocah-bocah pada rame.
Ketua kelasku uga ….amarga isin kelase rame.
g.      Budhe ngunjuk wedang jae.
Adhiku uga kepengin…. Wedang jae.
 Gladhen II
1.      Gawenen crita pengalaman pribadimu migunakake basa kang bener!
2.      Critakna pengalaman pribadimu ning ngarep kelas!
3.      Gawenen pitakonan marang kancamu kang maju ning ngarep kelas!

1 komentar: