Selasa, 03 Mei 2011

MODUL PERTEMUAN XII

Pertemuan XII

A.   Parikan lan Wangsalan


Text Box: • Standar Kompetensi:

• Kompetensi Dasar:
 Menulis Parikan dan Wangsalan
• Indikator:
 Menulis kejadian sehari-hari ke dalam parikan dan wangsalan
 






       I.            RINGKESANING WULANGAN.
1.      Parikan
Parikan yaiku unen-unen rong perangan, kapisan kanggo pancadan, kanggo pencokaning swara. Dene perangan kapindho mawa teges kang dikarepake. Dadi parikan anduweni paugeran telung warna yaiku:
1.      Kadadean saka rong ukara kang dhapukane nganggo purwakanthi guru-swara.
2.      Saben saukara kadadean saka rong gatra,lan
3.      Ukara kapisan minangka purwaka, ukara kapindho minangka uwose.
Gathekna tuladha iki!
a         Nyangking ember kiwa tengen
Lungguh jejer nggo tamba kangen.
b        Ngisor nangka ana gubuge,
Nandur pari dimangsa walang.
Para mudha sopan rembuge,
Dadi conto pantes sinawang.




Gladhen
Parikan iki bacutna!
a         Semarang kaline banjir.
Aja sumelang.....
b        Purwodadi rak kuthane.
Sing dadi .....
c         Timun diiris-iris.
Wong ngalamun......
d        Jagung bakarane.
Wani tanggung....
e         Abang-abang ora legi.
Tiwas magang....
f         Blarak disampirake.
............................
g        Duren,duren; kweni, kweni.
.............................
h        Ireng dilorek-lorek.
.............................
i          Tuku jagung ning pasar legi.
.............................
j          Yen ora degan ya krambile.
..............................
k        Kembang mlathi,
Warna peni ngganda wangi.
Watak putri,.......
2.      Wangsalan
Setitekna ukara iki!
Mbalung geni, mbokmenawa ta.”
Mbalung geni iku mawa, disrempet kaya karepe, mbok manawa to.
Dadi tembung mbok menawa, entuke saka tembung kaya mangkono iku diarani wangsalan. Dadi wangsalan yaiku unen-unen saemper cangkriman kanthi mratelake batangane utawa tebusane sarana sinandi. Jinising wangsalan yaiku:
a         Wangsalan lamba, wangsalan kang mung isi batangan siji
b        Wangsalan rangkep, wangsalan sing mung isi batangane luwih saka siji.
c         Wangsalan memet,wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksude tetembungane ambal ping pindho.
d        Wangsalan padinan, wangsalan kang lumrahe ora mretelakake batangan sebab wong-wong wis pada ngerti batangane; lan
e         Wangsalan apurwakanthi-basa, wangsalan kang edi-peni,kepenak dirungu sebab migunakake purwakanthi-basa.

    II.            GLADHEN
Wangsalan iki terangna kok bisa ditebusi ngono iku keperiye?
a         Jenang sela ya mas, apuranen luputku.
(entuk saka tembung apu)
b        Mrica kecut, sauni-unine kok ya patut.
(entuk saka tembung ......)
c         Pasar cilik, sida wurung iki.
(entuk saka tembung ......)
d        Balung krambil, aja ethok-ethok ora ngerti!
(entuk saka tembung ......)
e         Kowe ki senengane nglemah bengkah, nyela-nyela bae.
(entuk saka tembung ......)
f         Sarpa plonthang, welingku aja lali ya !
(entuk saka tembung ......)
g        Kanjing jaja, titenana kowe!
(entuk saka tembung ......)
h        Aja nempe legi kang, macem-macem polah mu!
(entuk saka tembung ......)
i          Lenga mambu, wis kepepet kepriye maneh?
(entuk saka tembung ......)
j          Bantal dhawa ya Ngger, elinga marang Kang Mahakuasa.
(entuk saka tembung ......)
k        Njanur gunung Yu, kadingaren kowe mrene.
(entuk saka tembung ......)
l          Damar mancung Mas, cinupet samene dhisik.
(entuk saka tembung ......)
m      Tenan lho ya, yen saguh ki aja mbalung jagung, aja janggelan to Lik.
(entuk saka tembung ......)
n        Nyaron bumbung, nganti  cengklungen anggonku ngantu-antu tekamu.
(entuk saka tembung ......)
o        Sakjane ngono krungu, ning dheweke njangan gori, anane mung mbudheg.
(entuk saka tembung ......)
p        E, bareng diaturi priksa kok banjur ngrokok cendhak, neges-neges.
(entuk saka tembung ......)
q        Aja dumeh kuwasa, marang andhahan kok nganak cecak, sawiyah-wiyah.
(entuk saka tembung ......)
r          Carang wreksa lho Dik, babagan iki ora gampang.
(entuk saka tembung ......)
s         Gayung sumur, lamun kemba aja mundur.  
(entuk saka tembung ......)
t          Kapi jarwa, dakpethek mangsa luputa.
(entuk saka tembung ......)

3.      Bedane Wangsalan lan Parikan
Wangsalan karo parikan bisa kabedakake mangkene;
Nomor
Wangsalan
Parikan
1
2
Tanpa paugeran kang gumathok
Dhapukaning ukarane:
a         Wangsalane/ bedhekane
b        Batangane/karepe
Mawa paugeran kang gumathok
Dhapukaning ukarane
a         Pambuka/ pacadan/ pencokan
b        Wose utawa isine

Garapan Omah
1.      Gawea parikan kang isine kadadean sedina-dina!
2.      Gawea wangsalan kang isine kadadean sedina-dina!

MODUL PERTEMUAN XI


Pertemuan XI

A.   Pawarta


Text Box: • Standar Kompetensi:
 Mampu mendengarkan dan memahami serta menanggapi berbagai ragam wacana lisan melalui mendengarkan informasi atau cerita yang disampakan secara langsung atau 
• Kompetensi Dasar:
 Mendengarkan berita
• Indikator:
 Menuliskan pokok-pokok isi berita ke dalam beberapa kalimat.
       Menyampaikan secara lisan ringkasan berita.
 Menjawab pertanyaan berita yang berhubungan dengan isi berita.
 Mengemukakan tanggapan atas isi berita.
 










       I.            RINGKESANING WULANGAN.

Pawarta
Pawarta iku penting kangone masyarakat jaman saiki, kanthi maca pawarta, kabeh informasi bisa dimangerteni. Warta saka radio, televisi, lan ariwarti utawa kalawarti umume ngandharake babagan maneka warna. Ana pamerentahan, politik, ekonomi, seni budaya, lan liya-liyane. Mula iku, pawarta bisa mngerteni mlakune jaman, kaya rega BBM kang mundhak, penertiban lalu lintas dening pemerintahan, lan sapanunggalane. 
Macakake warta kanggo wong liya uga kudu gatekake kedal, lagu, lan pangucapane kang cetha, supaya warta iku bisa matrima marang kang ngrungokake. Amrih becike para siswa bisa gatekake anggone penyiar televisi kang lagi ngandharake wartane. Kepriye kedal, lagu, lan pangucapane uga gesture utawa tidak tanduke awake. Semono uga Penyiar televisi iku anggone maca warta pandelengane tumuju neng ngarep, dene lungguhe utawa anggone ngedeg lan pamane bener bener.
Tembung pawarta asale saka basa sansekerta vrit kang tegese ana utawa dumadi. Uga ana sing ngarani vritta kang tegese kedaden. Dadi pawarta yaiku kedaden utawa prastawa kang nembe dumadi.
Pawarta bisa awujud tulisan lan lisan. Kang awujud tulisan pawarta biasane kababar lumantar ariwarti, kalawarti, lan liya-liyane, dene kang awujud swara biasane disiarake lumantar TV, radhio, internet, lan liya-liyane. 
Pawarta adhedasar kedaden kang nyata. Nalika ngrungokake pawarta kudu digatekake bab-bab ing ngisor iki:
a.       Mangerteni kanthi cetha prastawa kang dibabarake.
b.      Mbedakake informasi penting lan ora penting.
c.       Nyatet informasi sing bener lan premati.

Pokok-pokok kang kudu dicatet nalika ngrungokake pawarta yaiku 5W+1H:
1.      What        : prastawa apa kang nembe kedaden?
2.      Who         : sapa wae kang ana ing prastawa kuwi?
3.      Where       : ing ngendi prastawa kuwi kedaden?
4.      When        : kapan prastawa iku kedaden?
5.      Why         : kena apa prastawa iku bisa kedaden?
6.      How         : kepriye prastawa iku kedaden?

Rungokna pawarta kang diwaca gurumu ing ngisor iki!

Penertiban Peternakan Diintensif-ake Maneh

Sawise kasus flu burung ngrembaka keri-keri iki, saikine Direktorat Jendral Peternakan Departemen Pertanian ngintensif-ake maneh penertiban tumprap sentra peternakan kang cedhak pemukiman lan peternakan. Penertiban ditindakake mligi ing sentra peternakan kang cedhak kang beda.
Ikhtiyar penertiban peternakan iku sejatine wis ditindakake rong taun kapungkur. Nalika iku kasus flu burung muncul sepisanan ing Indonesia. Kanggo nglancarake penertiban, Menteri Pertanian ngetokake surat Keputusan kang cacahe sanga, isine bab pangecake pertanian utawa peternakan kang sehat. Peternakan kang sehat lan ideal iku kudu adoh karo omah penduduk, kejaba iku, saksentra peternakan mung ana sajinis peternakan, iku mung kanggo ngawekani sakabehing lelara.
Kapethik saka: Siaran Rri semarang, Senin 1 Agustus 2005
                                                                   
Gladhen
Apa kang dimaksud flu burung? Jlentrehna!
Apa kang ditertibake dening Direktorat Jendral Peternakan Departemen Pertanian?
Wis pirang taun anggone ikhtiyar penertiban peternakan iku
Apa surasane Surat Keputusan sak Menteri Pertanian iku ?
Kepriye mungguh peternakan kang sehat lan ideal iku? Jlentrehna!
Dina Pahlawan ing Tanah Sabrang
“Bangsa yang besar adalah bangsa yang mau menghargai jasa dan pengorbanan para pahlawannya “ . pratelan kasebut ngemu teges kang ngedap-edapi tumrap bangsa kang wis tau ngrasakake pait lan abot nggayuh kamardhikan. Semono uga tumrap bangsa lan warga negara Indonesia kang manggon ing luar negeri kayata ing benua Amerika. Rasa nasionalisme lan rasa anduweni bangsa Indonesia uga katon ing Buenos Aires – Argentina. Nalika tanggal 12 Nopember 2007, warga Indonesia kang manggon ing kana melu nyengkuyung ing upacara Bendera kang dianakake kanggo mengeti Dina Pahlawan 10 November 2007, Upacara iku minangka salah sawijining wujud pakurmatan tumrap apa wae kang wis dailakokake para pahlawan lan pejuang kang wis toh pati nggayuh kamardhikan.
Dubes LBBP RI, Sunten Z. Manurung minangka pembina upacara maosaken sambutan Menteri Sosial RI kang intine yaiku: “Prastawa 10 November 1945 ing Surabaya iku kalebu sawijining peristiwa heroik kang dilakoni dening kabeh elemen masyarakat lan agawe pepati kang ora sithik gunggunge .  kang trampil lan wong cilik kanthi tekading ati lan krentheg kepengin uwal saka penjajah padha maju perang ngadhepi serangan saka bangsa Asing kang kepengin njajah maneh ing negara Indonesia. Semangat lan wawasan kepahlawanan kasebut, kudu bisa nresep sajroning jiwa raga kita murih bisa dadi inspirasi kang bisa nuwuhake kepenginan ing sajroning dhiri kanggo ngisi kamardhikan. Kabeh kuwi mau, ora liya kanggo mujudake masyarakat kang sejahtera.
Akeh banget wejangan saka pahlawan lan pejuwang kang wis nggayuh kamardhikane bangsa iki. Mbok menawa, dewe minangka generasi muda ora nglegewa. Wejangan-wejangan iku kayata:
-                  “Murih jiwa tentrem lan santosa, kita kudu cedhak marang Gusti Ingkang Akarya Jagad. Sapa wonge sing nyedhak mring Gusti ora bakal kejeglong uripe, lan ora bakal wedi ngadhepi kahanan urip jalaran Gusti iku sanityasa nuntun lan paring kanugrahan kang ora bisa kaukur regane.” (Pahlawan Nasional Nyi Ageng Serang).
-                  Awake dhewe kang nggayuh kamardikan aja pisan-pisan ngarepake pangkat, drajat, utawa gaji kang dhuwur. (Pahlawn Nasional Supriyadi)
-                  “Upama wong liya bisa, geneya para mudha kita ora bisa yen ta pancen gelem mbudidaya.” (Pahlawan Nasional Abdul Muis)
Kapethik saha kabesut sawetawis saking:




    II.            GLADHEN
Sawise ngrungokake pawarta kang wis diwaca dening kancamu, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.       Miturut pawarta ing dhuwur, kapan anggone warga Indonesia kang manggon ing luar negeri nganakake upacara pengetan dina Pahlawan?
2.      Ing ngendi upacara bendera mau dianakake?
3.      Sapa asmane Dubes LBPP RI kang dadi pimpinan upacara?
4.      Salah sawijining wejangan saka Pahlawan Nasional yaiku “Upama wong liya bisa, geneya para mudha kita ora bisa yen ta pancen gelem mbudidaya.” .   Sapa kang mratelakake pratelan iku?
*      Garapan Ngomah
Goleka pawarta ing ariwarti utawa kalawart, banjur tulisen ringkesan isine pawarta kanthi mangsuli  5W+1H!