Selasa, 03 Mei 2011

MODUL PERTEMUAN IV


Pertemuan IV

A.   Paragraf Dedukatif-indukatif



Text Box: • Standar Kompetensi:
Membaca  dan memahami berbagai wacana non sastra berbahasa Jawa dengan berbagai cara untuk berbagai tujuan.
• Kompetensi Dasar:
      Membaca intensif paragraf deduktif dan induktif
• Indikator:
    Menentukan kalimat yang mengandung gagasan utam
        Menentukan kalmat penjelas
        Menjelaskan perbedaan paragraf deduktif
 









       I.             RINGKESANING WULANGAN.

Maca kanthi intensif yaiku maca kanthi tujuan bisa mangerteni lan paham tenan marang pendapat-pendapat ing wacan, urutan, retorise, utawa pola-polane wacan iku. Neng kene dibutuhake maca kang banter wacan kang dawane ora luwih saka 500 tembungkanthi wektu 2 menit. Miturut prenahe ukara baku lan ukara panerange, jinise paragraf ana loro, yaiku paragraf dheduksi lan paragraf induksi. Ukara baku yaiku ukara kang dadi dasare peragraf utawa kang pokok. Denen ukara panerang iku kanggo njlentrehake ukara baku supaya maksude bisa dimangerteni dening kang maca. Ukara panerang bisa awujud alasan, perangan, utawa conto.
Pengertiane paragraf, yaiku saprangkat ukara kang manunggal runtut mujudake wedharing sawijining gagasan. Ing paragraf lumrahe mujudake perangan kang dumadi saka pirang-pirang ukara kang runtut wutuh lan manunggal sarta ngandharake sawijining utama. Titikane paragraf :
·         Kawiwitan kanthi larikan anyar ditulis trasa nglojok mlebu.
·         Kadaddeyan saka pirang-pirang ukara kang runtut duwe sambung rapet sarta manunggal.
·         Isine sawijining gagasan baku/sawijining pikiran utama.
Lumrahe dumadi saka ukara baku lan ukara panerang.
·         Ukara baku        : ukara kang dadi dhasare paragraf/wujuding wose gagasan
·         Ukara panerang : kanggo njlentrehake ukara baku (kalimat utama) supaya kang maca bisa    ngerti karepe/nerangake. Ukara baku bisa awujud pawadan (alesan), perangan utawa tuladha.
Syarat paragraf bisa diarani apik manawa:
a         Nduweni Kohesi (nyambung babagan ujude)
Paragrap kang apik kudu nduweni ukara-ukara kang nyawiji jumbuh saka ujude. Kanggo niteni anane kohesi bisa ditonton saka ukara-ukara kang migunakake:
1)   Tembung panunjuk kayata, iki, iku, kuwi, kae, lan sesanisipun.
2)   Tembung sesulih (ing basa Indonesia diarani “kata gamti orang”)
3)   Ngambali tembung kang dadi undering ide pokok.
b        Koherensi, paragraf dianggap nyawiji menawa kabeh ukara kompak padha nyengkuyung topik. Miturut sipate pargraf dibedakake dadi loro, yaiku paragraf deduktif lan induktif.
Bedane paragraf dheduksi karo paragraf induksi yakuwi, katitik saka prenahe ukara baku, paragraf dheduksi iku manggon ing wiwitane paragraf. Cethane, ukara kang kapiasn sajrone paragraf. Liyane awujud andharan utawa ukara panerang. Suwalike, yen paragraf induksi iku bisa ukara bakune manggon ing mburi dhewe. Iku minangka dudutane. Yen kagambar kaya ing ngisor iki.
Paragraf Dheduksi                                                      Paragraf Induksi                                                  ukara baku                                                                  ukara panerang                                              ukara panerang                                                                  ukara baku

Wacanen batin paragraf-paragraf ngisor iki !
Basa Ibu iku basane msyarakat kang dipigunaake saben dina ing sawijining wilayah. Ananging basa Ibu ora mung kanggo ing sawilayah bae, amarga ana wong-wong kang saka salah sijine wilayah nglakoni migrasi utawa liyane, tetep migunaake basa ibune. Cethane, yen wong Jawa, ing Jawa Tengah, basa ibune ya basa Jawa. Ananging rikala wong mau ning Jakarta, Lampung, utawa Suriname, isih bae migunaake basa Jawa kanggo sesrawungan marang wong sing saka Jawa Tengah uga.
                                                                                            Kapethik saka: wawasan, Minggu Pon Februari 2005, kaca 4.
Srengenge wis jumedhul ing sisih wetan. Katon mencorong. Among tani padha mangkat menyang sawah manggul garu nuntun sapine. Sing wadon padha menyang pasar nggendhong asil pawetune. Bocah-bocah padha budal sekolah, manuk-manuk padha ngoceh ing wit-witan. Pitik, bebek, menthog wis padha metu saka kandhange golek pangan dhewe-dhewe. Ora katon mega sathithik-sathithika. Esuk iki pancen padhang njingglang.
Ana sawijining tanduran kang jinise mini. Sejatine dudu mini asli awit yen ditandur ing lemah bisa gedhe kayadene tanduran-tandhuran liyane. Ananging yen ditandur ing pot, uripe rendhet banget. Kayata: palem, asem, waringin, jambu, palem, nangka, lan liya-liyane. Ug ana tanduran kang mini asli. Iki asline pancen min. Tanduran iki yen ditandur ing lemah ora bisa gedhe, apamaneh yen ditandur ing pot sangsaya tambah cilik. Tanduran iki ing antarane agave, cryptanthus pansseviera, lan anthurium. Yen mangkono, tanduran iku kaperang dadi rong warna.
Manungsa lan tuwuhan mbutuhake banyu kanggo urip. Banyu digunakake dening amnungsa kanggo kaperluan ngombe, adus, lan masak. Dene tuwuhan mbutuhake banyu, kejaba kanggo urip uga kanggo nakkumanake tuwuhan. Manawa manungsa lan tuwuhan kekurangan banyu, uripe ora bakal sampurna.

    II.            GLADHEN

1.      Tulisan wangsulanmu!
2.      Endi ukara bakune paragraf-paragraf ing ndhuwur iku?
3.      Endi ukara panerange?
4.      Endi kang kalebu paragraf dheduksi lan paragraf induksi?
5.      Apa titenane?
6.      Apa arane yen sajrone paragraf ukara baku prenahe ana ing kawitan lan ing mburi?

Garapan Omah
Goleka paragraf dheduksi lan induksi ing ariwarti utawa kalawarti ngloro bae! Tempel ing  dluwang, banjur wenehana andharan endi kang kalebu dheduksi lan induksi!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar