Selasa, 03 Mei 2011

MODUL PERTEMUAN VII


Pertemuan VII

A.   Wawancara


Text Box: • Standar Kompetensi:
Mendengarkandan memahami berbagai informasi dari sambutan/khobah dan  wawancara
• Kompetensi Dasar:
 Mendengarkan dan merangkum isi pembiacaraan dalam wawancara.
• Indikator:
    Mencatat pokok-pokok pembicaraan (sipa yang bebicara dan apa isi pembicaraan)
    Merangkum isi pembicaraan dalam beberapa kalimat.
    Menyampaikan (secara lisan) isi rangkuman kepada orang lain.
 








       I.            RINGKESANING WULANGAN.

Wawancara yakuwi golek informasi saka wong kang diarani narasumber. Anggonmu wawancara marang wong kang luwih tuwa kudu gatekake tata kramane basa.
Babagan kang perlu digatekake sadurunge nindakake wawancara yaiku kaya kang ngisor iki:
1.      Nemtokake topik wawancarane
2.      Nemtokake tujuane (informasi apa kang pengin digoleki)
3.      Nyiapake pitakon-pitakon.
4.      Nemtokake narasumbere.
5.      Gawe janji karo nara sumbere, kapan lan nang papang ngendi anggone ketemu kanggo wawan cara (amrih janji becike iku manut kabiasane narasumber).

Sabanjure wektu wawancara kudu gatekake babagan kaya ing ngisor iki.
1.      Miwiti wawancara kanthi salam.
2.      Nganggo basa kang sopan lan miturut unggah-ungguh basa.
3.      Pandelengane tumuju marang narasumber
4.      Aja menehi pitakon-pitakon kang wangsulane “iya” utawa “ora”.
5.      Pungkasi wawancara kanthi agunging matur nuwun narasumber wis menehi informasine

Pacelathon ing ngisor iki rungokna kanthi tlesih !

Tata Kramane Basa Guneman karo simbah Babagan Omah Jawa
Swaji    : “Embah, punapa keparengan kula nyuwun priksa.”
Embah : “Arep takon apa, antuk garapan ngomah apa kepriye?”
Swaji   : “Inggih, Mbah. Kala wau Pak Guru ngandharaken bilih griya ing jaman sapunika kathah  jinis wewangunanipun kadosta: griya tumpuk, ruko, batako, perumnas, lan sanes-sanesipun. Sanadyan mekaten, sarehne bebrayan jawi punika gadhah jinis piyambak ingkang manekawarni, pramila kula sakanca kedaah mangertosi. Lah bab punika ingkang dipunddadosaken garapan griya dening Pak Guru.”
Embah : “O…, ngono ta. Mudheng aku kersane gurumu kuwi. Pancen omah jawa iku manekawarna. Apa kira-kira kowe durung mudheng bab jinise omah jawa iku?”
Swaji    : “Sajatosipun sampun mangertos, Mbah, nanging dereng jangkep.”
Embah : “Coba, omahe Pak tapa kae, jinise apa?”
Swaji   : “Dalemipun Pak Tapa punika limasan, Mbah. Awit wanguning griya wonten empyakipun sekawan, ingkang kalih ageng serongan dene ingkang kalih malih wangun majeng tiga utawi segitiga.”
Embah : “Pinter kowe. Banjur apa bedane karo omahe Pak Tarta?”
Swaji   : “Menawi dalemipun Pak Tarta punika winastan griya kampong, Mbah. Dene titikanipun wangunan griya wujud empyak kalih mawi tutup keyong.”
Embah : “Lha, yen ngarepan Bale Desa kae?”
Swaji   : “Wah, punika joglo, Mbah. Menggah titikanipun mawi saka guru kasambet saka rawa mubeng.”
Embah : “Pancen, omah limasan kuwi awangun empyak papat, sing loro gedhe serongan lan sing loro maneh awangun maju telu utawa segitiga. Dene yen omah kampung iku wangun empyak loro nanging nganggo tutup keyong. Lan omah joglo iku titikane nganggo saka guru papat disambung saka rawa mubeng, dene empyake cilik mandhuwur kaya dene limas an. Apane sing isih kurang?”
Swaji    : “ingkang taksih kirang punika bab peranganipun griya, Mbah.”
Embah : “O, kuwi ta, bab peranganing omah. Yen kowe kepingin mangerti luwih cetha, ayo dakwiwiti saka regol kana kae!”
Swaji    : “Sumangga, Mbah.”   
                                                                        Kapethik saka: Materi Wajib Mulok Bahasa Jawa 3
    II.            GLADHEN

1.      Pacelathone Embah karo swaji ing ndhuwur bacutna!  Dene surasane Embah nerangake perangane omah limasan, Swaji nyuwun priksa bedane karo perngane omah kampung!
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
2.      Apa PR utawa garapan ngomahe Swaji saka Pak Guru?
3.      Apa kang ora dimangerteni Swaji ?
4.      Apa embah kersa nerangake ?
5.      Apa omah modhel saiki kayata omah tumpuk, ruko, apartemen, lan sapanunggalane isih nganggo ciri-ciri omah adat jawa? Terangna!

6.      Terangna ciri-ciri utawa panitik omah:
a      Limasan
b      Omah kampung lan
c      Joglo
7.      Apa kang diarani
a      Regol
b      Keyong emas
c      Emper,
d      Senthong
8.      Apa pacelathon ing dhuwur iku nggambarake anane budi pekerti? Terangna!
9.      Ringkesen isi pacelathon iku, banjur critakna neng ngarep kelas!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar