Selasa, 03 Mei 2011

MODUL PERTEMUAN VIII

Pertemuan VIII

A.   Geguritan


Text Box: • Standar Kompetensi:
Mendengarkan dan memahami serta menanggapi berbagai ragam wacana lisan sastra   melalui geguritan dan macapat.
• Kompetensi Dasar:
 Membahas atau mendiskusikan isi geguritan atau macapat
• Indikator:
    Mengutarakan nilai-nilai geguritan atau macapat dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
    Memparafrasekan geguritan atau macapat kedalam berbagai ragam bahasa Jawa.
 








       I.            RINGKESANING WULANGAN.
            Miturut Bausatra Jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg. Geguritan uga kasebut tembang uran-uran awujud purwakanthi.
Geguritan kuwi pada karo puisi nanging basané basa Jawa, geguritan iki kalebu puisi gagrag anyar awit wujudé bébas tanpa nganggo wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Babagan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu kuwi sing mbédakaké antarané geguritan lan macapat. Awit macapat ya kalebu jinising puisi Jawa gagrag lawas utawa klasik
sing isik mengkoni guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Geguritan ing jaman dhisik isih manganggo paugarane kaya ing ngisor iki.
1.      Cacahing gatrane ora tartamtu, nanging lumrahe sathithike patang gatra.
2.      Cacahing wandane gatra sijii lan sijine padha akehe.
Nanging, ing jaman saiki paugeran kaya mangkono wis ora kaanggo. Geguritan ing jaman saiki nulad cara-cara mancanegara kang maneka warna wujude. Wondéné wiwit anané geguritan kuwi ora liya awit saka pengaruh puisi Indonesia, titikané wiwit jaman kamardhikan.Wigatèkna lan wacanen geguritan iki banjur udhalen isiné manut panemumu dhèwè –dhèwè ;

Tuladha geguritan jaman saiki kaya ing ngisor iki.


Sejatining Warangka
Dening Sriyana

Kapan maneh swara podhang iku andum ocehing kapang
Temah kasulistyamu kang oidha madu anuruh cangkir
Emas, dadi mutiara marang gegemaning kalbuku
Yen cakrawala wis pepak pepacakan candhi ayu, wadhahana
Paran prasetyaku tumutes ing jagad sucimu
Nimas, yaiku tumataning curiga amanjing warangka
Karangdowo, Klaten 1999
Geguritan iku ngemu nilai-nilai utawa amanat kang bisa dipethik lan kanggo pangajaran tumprap wong kang maca. Kanggo mangerteni amanat utawa nilai-nilai kang diandhut geguritan iku, bisa kanthi parafrasekake geguritan iku.nparafrase yaiku ngandharake maneh sawijining teks utawa karangan arupa wujud kang beda supaya mangerteni maknane.

Wacanen jroning batin!
Eklasna
Eklasna aku lunga biyung
Sanadyan ing dhuwur langite katon mendhung
Eklasna aku lunga bapa
Lungaku sangu ati lapis waja
Ora perlu panjenengan galih
Ing paran aku ora bakal mati merga ngelih
Mumpung isih isuk
Kanthi pangestu kang matumpuk-tumpuk
Gunung lawu lan semeru mung katon sapunthuk
Kabeh bakal taklangkahi
Sanadyan kudu nasak kebondhotan eri
Aku lunga perlu makarya
Ora mung angon kebo ing ara-ara
Sanadyan aku ngerti
Golek gaweyan angel yen tanpa koneksi
Lan isih kudu nganggo gambar Jendral Sudirman
Sakethi
Sugeng enjing bapa biyungku
Sugeng enjing desaku
Kang tansah kinemulan langit biru
Eklasna liya dina isih bisa ketemu
                                                                                                     Kapethik saka: Jagabaya

    II.            GLADHEN
Guritanku Gurit Pamuji
Sungegurit lumantar tutur kang prasaja
Nembah suci wiwaraning ati kang kaèksi
Basa tutur kang rinacik duk ing nguni
Wulangrèh kang dèn memetri
Ana pocapané mangkéné ;
Pitutur bener iku,
Sayektiné iku pantes sira gugu
Nadyan metu saking wong sudra papa
Lamun ta becik wurukipun
Iku pantes dadi pituduh lakunira
Aja ambeg adigang, adigung, adiguna kang dèn reksa
Nora wurung kacilakan kang bakalé nemahi
Ana manèh centhini kang muwus kalaning tidha
Amenangi jaman édan
Éwuhaya ing pambudi
Mélu ngédan ora tahan
Ora mélu ngédan ora keduman
Ndilalah kersaning Allah
Begja – begjané wong kang lali
Luwih begja wong kang éling lan waspada
Niyat ingsun nggurit basa kang katula – tula
Yèn ta ala singgahana
Yèn ana prayogané kebat lakonana
Donga – dinonga mugi antuk sihing Gusti
Jaya – jaya wijayanti suradira jayaningrat lebur déning pangastuti
-Setya Amrih Prasaja-

A. Wangsulana pitakon ngisor iki.
a. Apa sing dadi irah – irahané geguritan kuwi ?
b. Apa tegesé ukara sungegurit lumantar tutur kang prasaja kuwi ?
c. Tembung rinacik kuwi saka tembung lingga apa lan tegesé kepiyé ?
d. Ukara nembah suci wiwaraning ati kuwi kalebu ukara apa ?
e. Udhalen isiné geguritan ndhuwur kuwi nganggo basamu dhèwè – dhèwè !

GARAPAN OMAH

1.      Goleka geguritan saka kalawarti, ariwarti, utawa buku!
2.      Terangna isi geguritan iku!
3.      Parafrasa-na geguritan dadi wujud uraian nganggo basa Jwa!
4.      Gawea geguritan kang irah-irahane “Paseduluran”!
Ijolna marang kancamu sisih, mbaka sisj menehi kritik!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar