Selasa, 03 Mei 2011

MODUL PERTEMUAN III


Pertemuan III

A.   Apresiasi Drama


Text Box: • Standar Kompetensi:
Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan lisan melalui kegiatan berpidato, bercerita, dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa Jawa dengan unggah-ungguh bahasa yang sesuai.
• Kompetensi Dasar:
 Menyampaikan dialog disertai gerak-gerik dan mimik, sesuai dengan watak tokoh.
• Indikator:
    Membaca dan memahami teks drama yang akan diperankan
    Menghayati watak tokoh yang akan diperankan
       Menyampaikan dialog disertai gerak-gerikdan mimic, sesuai dengan watak tokoh
 










I.                   RINGKESANING WULANGAN.

Karya satra sing ngandharake crita lumantar wawan rembug utawa dhiyalog antara para paragane diarani drama. Wawan rembug (dhiyalog) ana sajrone drama bisa awujud basa gancaran (prosa)apa dene awujud geguritan. Kaya denen genre fiksi liyane, drama uga ana sing diarani drama dawa lan drama cekak.
 Drama dhawa lumrahe kabangun saka telung utawa limang babak, ngemot crita sing dawa,’karakter’ e maneka warna, setting sing maneka warna uga. Gunggung telung utawa limang babak mau dijumbuhke karo telung utawa limang undha-usuk plot crita. Sing baku yaiku :
Ø  Pambuka
Ø  Dredah
Ø  Klimaks
Ø  Ngandharaken prekawis
Ø  Panutup
Drama cekak amung kabangun saka sababak bae, mula kerep diarani drama sababak. Ing sababak mau ‘struktur’ crita sajrone urutan dirampungake sisan.saliyane perangan manut dawa cekake drama, isih ana perangan liya saka drama, kayata drama sing awujud komedi, tragedi, tragedi-komedi, lan melodrama.
Sanadyan ora kabeh, akeh-akehe naskah drama diperang ana sajrone babak. Manawa digatekake anggone merang mau ana sesambungane karo pagelaran naskah kasebut.

Tuladha naskah drama ngisor iki tindakna. 

Jaka Tingkir
Swara wirama gamelan muni minangka pambuka cerita…
Dhalang                      : “Mas Karebet punika putranipun Adipati Pengging. Ananging amargi ramanipun sampun seda, piyambakipun lajeng dipu          nopeni dening satunggaling randha ingkang sugih, inggih punika Nyi Ageng Tingkir. Sanandyan dipunopeni dening tiyang sugih, Mas Karebet klebet lare ingkang andhap asor, boten kumalung kung. Piyambakipun ageng lan dados kabingahan tiyang kathah lan dipunjejuluki Jaka Tingkir. Wiwit taksih lare, Jaka Tingkir sampun ngetingalaken sipat ingkang benten kaliyan lare sabarakipun, piyambakipun remen nenepi ing panggenan ingkang gawat, ugi remen prihatos, kanthi pangajab saged pikanthuk kanugrahaning widhi ingkang awujud kasekten lan kaluhuran budi. Nuju satunggalipun dinten…”
Jaka Tingkir                 : “Nyi, kula badhe nyuwun idin palilah, kula badhe ngulandara sawatawisipun dinten.”
Nyi Ageng                  : “Yen kuwi kang dadi kekarepanmu, aku mung bisa mangertoni, amarga dakdhelok kowe ya wis ngancik dhewasa, wis sapase yen kowe golek seserepan, ana nging thole, luwih becik manawa kowe meguru marang wong kang ledha ing sakabehing kawruh.”
Jaka Tingkir                 : “Lajeng miturut Nyai, sinten tiyang ingkang saged nuntun kula, kados ingkang dipunkersakaken Nyai?”
Nyi Ageng                  : “Menawa kowe arep maguru menyang ulama, becike sowana menyang Ki Ageng Sela.”
Jaka Tingkir                 : “Sinten ta, Ki Ageng Sela punika Nyai?”
Nyi Ageng                  : “Panjenengane muride Sunan Kalijaga. Dadi magurua marang panjenengane.”
Dhalang                       : “kacarita sampun pinten-pinten dinten anggenipun Jaka Tingkir mlampah, nabras wana, minggah redi lan mandhap lepen, ananging meksa dereng saged pinanggih kaliyan Ki Ageng Sela. Jaka Tingkir boten mutung, malah saya tambah golong niyatipun kangge madhosi Ki Ageng Sela. Ing sawijining dinten, lampahipun dumugi satunggaling dhusun, lan ing ngriku Jaka Tingkir saged pinanggih kaliyan Ki Ageng Sela. Sareng sampun ngaturaken sungkem pangabekti, Jaka Tingkir lajeng ngaturaken punapa ingkang dados sedyanipun, midhanget aturipun Jaka Tingkir, Ki Ageng Sela malah mundhut Jaka Tingkir dados wayahipun.”
Ki ageng Sela              : “Thole Tingkir putuku, sawise sawetara kowe ning kene, lan kabeh ngelmuku wis dakwenehake Marang kowe, mula saiki wayahe kowe golek seserepan kang luwih dhuwur meneh.”
Jaka Tingkir                 : “Nyuwun pangapunten, punapa ingkang dipun kersakaken eyang, kok ngendika kados mekaten kalawau?”
Ki Ageng Sela             : “Lungaa menyang Demak Bintara, ing kana akeh para wali kang luwih ing ngelmu, kang awewatak berbudi bawa leksana, ananging sadurunge budhal nyuwuna idin palilah marang ibumu.”
Dhalang                       : “Jaka Tingkir lajeng nyuwun pamit eyangipun, lan wangsul dhateng griyanipun Nyai Ageng saperlu kangge nyuwun idin palilah lan donga pangestunipun Nyi Ageng.”
Nyi Ageng                  : “Tingkir anakku, bungah rasane atiku weruh kowe wis bali, coba ngger saiki aku critanana sasuwene kowe maguru lan pikole ing kana.”
Jaka Tingkir                 : “Nyi…tamtu kemawon eyang maringi pitedah ingkang sae, nanging Nyi…wangsul kula punika boten dangu, amargi kula dipundhawuhi eyang supados sowan dhateng Demak Bintara, kanthi pangajab ing mrika mangke, kula sdaged pikantuk ngelmu ingkang langkung inggil malih. Awit saking punika kula nyuwun idin palilah panjenengan, badhe nglajengaken lampah padhos seserepan.”
Nyi Ageng                  : “Tingkir anakku, yen mengkono aku mesthi sarujuk bae. Le, satekanmu ing Demak Bintara, golekana wong sing jenenge lurah Ganjur, panjenengane isih kapernah bapa pamanmu. Matura yen kowe anakku, aja lali aturna uga salam pangabektiku, aku percaya yen mengkone kowe bakal disowanake marang Sri Sultan Demak.”
Jaka Tingkir                 : “Kasinggihan Nyi, sedaya dhawuh pangandikan badhe kula esthokaken, sapunika kepareng nyuwun pamit.”
Dhalang                       : “Bidhalipun Jaka Tingkir dhateng Demak  Bintara kadherekaken dening abdi cacah kalih.”
Sadumuginipun ing Demak Bintara, Jaka Tingkir lajeng madosi dalemipun lurah Ganjur.
Jaka Tingkir                 : “Ngaturaken sungkem pangabekti kula mugi katur ing panjenengan, dipuntepangaken paman, kula pun nama Jaka Tingkir, anakipun Nyai Ageng Tingkir. Manawi wonten keparengipun kulas badhe nderek paman.”
Lurah Ganjur               : “Yen mengkono kang dadi kersane ibumu, aku melu bae, sawise leren mengko daksowanake menyang Sri Sultan supaya kowe bisa ngawula ing Demak kene.”
Dhalang                       : “Sasampunipun rampung shalat jemuwah ing mesjid Demak, Jaka Tingkir lenggahan ing sapinggiripun kolam. Piyambakipun kepingin sanget mangertosi kados punapapasuryanipun Sri Sultan. Dhawah keleresan Sultan tindak nuju kolam, mangertos mekaten kalawau, Jaka Tingkir lajeng mlumpati kolam kanthi trengginas, sasampunipun dumugi ing sabrang piyambakipun lajeng ngaturaken sembah dhateng Sri Sultan.”
Sri Sultan                    : “We…lha dalah, kok ngeram-ngeramimen, sapa kang dadi aranmu lan saka ngendi asalmu?”
Jaka Tingkir                 : “Jaka Tingkir nama kula, dene asal kula saking dhusun Tingkir, ing ngriki kula tumut bapa paman kula Ki Lurah Ganjur, Gusti.”
Sri Sultan                    : “Ooo…yen mengkono, jaken bapa pamanmu sowan menyang kraton.”
Jaka Tingkir                 : “Ngestokaken dhawuh Gusti…”
Dhalang                       : “Lan wiwit dinten punika Jaka Tingkir dipunangkat putra lan dados prajurit. Ing satunggaling dinten, wonten satunggalipun prajurit digdaya sesulih Dhadhung Kawuk ingkang nantang rencang-rencang prajurit. Boten wonten prajurit ingkang sageg mimpang mengsah piyambakipun. Rumaos sedaya prajurit ajrih, punika ndadosaken Dhadhung Kawuk saya ndadi, salajengipun piyambakipun nantang Jaka Tingkir, kaliyan marang kerik…”
Dhadhung Kawuk      : “Hei Jaka Tingkir, aja ngumbar kakuwatanmu ing ngarsane Sultan, yen durung bisa nghalahake aku. Gage mrenea, aku kepingin jajal sapira atose balungmu. Ha…ha…ha…majua, Dhadhung Kawuk bakal enggal ngrampungi gawe…”
Jaka Tingkir                 : “Kaleresan sanget, menawi punika ingkang dipunkersakaken dening ki sanak. Mangga enggal dipun wiwiti kemawon.”
Dhalang                       : “Mireng wangsulanipun Jaka Tingkir ingkang kados kalawau, saya kemropok manahipun Dhadhung Kawuk. Ketingal sampun boten sranta piyambakipun lajeng ngunus keris saking warangkanipun lan dipuntamanaken dhateng jajanipun Jaka Tingkir. Nanging keris boten tumama malah tugel. Rencang prajurit sanes ingkang sami ningali sami surak-surak lan keplok-keplok.’
Para prajurit                 : “Ayo Jaka…ayo Jaka…kowe pancen digdaya…”
Jaka Tingkir                 : “Kados pundhi ki sanak? Punapa sampun samekta, sapunika giliran kula ta?”
Dhadhung Kawuk      : “Ha…ha…ha…mangga, mangga lho, ora susah pekewuh…”
Dhalang                       : “Jaka Tingkir boten ngedalaken dhuwungipun, nanging kiyambakipun malah methik ron sedah lan mendet gagangipun.”
Dhadhung Kawuk      : “Hei Jaka Tingkir…karepmu kuwi piye?”
Jaka Tingkir                 : “Kula boten badhe ngasoraken pajenengan ki sanak, namung badhe nyobi kemawon…”
Dhalang                       : “Sanalika ugi Jaka Tingkir nyudhukaken gagang suruh kalawau dhateng jajanipun Dhadhung Kawuk, eramipun Dhadhung Kawuk  dumugi ngajal. Midhanget pawarta punika Sri Sultan rumaos kuciwa lan lingsem sanget . Lajeng Jaka Tingkir dipuntimbali.”
Sri Sultan                    : “Jaka Tingkir, sira wus dakanggep anakku dhewe, nanging…malah kaya mengkono tumindakmu, gandheng sira wis nerak pranatan, mula wiwit saiki uga, sira kudu ninggal kraton kene.”
Dhalang                       : “Kanthi rasa kuciwa Jaka Tingkir kesah saking Demak Bintara. Nuju dhateng dhusun Butuh, saperlu badhe ngaso sawatawis wekdal. Boten kayana piyambakipun pinanggih kaliyan Ki Ageng Butuh. Sumerep Jaka Tingkir, Ki Ageng Butuh kesengsem lan ngangkat JakaTingkir dados muridipun, salajengipun Jaka Tingkir dipuntepangaken kaliyan Buyut Banyubiru ingkang kawentar sekti mandraguna.”
Buyut Banyubiru        : “Jaka Tingkir, ing Demak Bintara lagi ana ontran-ontran, lan sing bisa ngleremake ontran-ontran mau, ya mung sliramu. Mula saka kuwi, baliamaneh nyang Demak Bintara saiki uga.”
Dhalang                       : “ing wekdal punika warga Demak Bintara sami bingung, pados cara kangge mbrastha bantheng ingkang nembe ngamuk boten kintenan, punika lan sinten kemawon ingkang pinanggih temtu badhe dipunserang dening bantheng kalawau, sadaya daya sampun dipuntindakaken, ewasemanten dereng ngetingalaken kasil, amargi boten wonten ingkang saged ngawonaken bantheng mau, Sri Sultan ngawontenaken sayembara.
Sri Sultan                    : “Sasapaa bae kang bisa ngalahake bantheng kang nembe ngamuk kae, bakal ingsun paring ganjaran…”
Dhalang                       : “Nalika Sri Sultan maringaken wara-wara kalawau, Jaka Tingkir sampun dugi ing ngriku, pirsa Jaka Tingkir, Sri Sultan langsung paring dhawuh dhateng Bupati supados nimbali Jaka Tingkir.”
Bupati                         : “Jaka Tingkir,apa slira saguh ngrampungi prekara iki?”
Jaka Tingkir                 : “Kanthi idinipun Pangeran mugi kula sagah.”
Dhalang                       : “Jaka Tingkir enggal mlumpat lan nyedhaki bantheng ingkang ngamuk. Mawi akal ugi kekiyatanipun Jaka Tingkir lajeng ngantem endhasipun bantheng, sanalika ugi endhasipun bantheng dados ajur mumur, sedaya ingkang nyumurupi sami sorak-sorak.”
Sri Sultan                    : “Ingsun bungah banget lan rumangsa mongkog marang kowe Jaka, amarga bisa nyelamatake warga Demak Bintara kene, kaya kang wis dakaturke kowe bakaldakwenehi ganjaran, kowe bisa urip ing tanah Demak Bintara kene maneh.”
Jaka Tingkir                 : “Ngaturaken sagunging panuwun Gusti, kula prasetya boten badhe nerak pranatan malih, lan tansah ngestokaken dhawuh panjenengan.”
CUTHEL
Kapethik saka kumpulan tugas Siswa SMA Negeri 8 Surakarta
II.                GLADHEN

Wangsulanan pitakon ing ngisor iki kanthi patitis
1.      Ing teks naskah drama mau ana pirang paraga? Sapa bae aranana!
2.      Aranana perangane paraga adhedhasar watake !
3.      Sapa paraga utamane crita ing dhuwur ? paraga utama mau kalebu paraga kang kepriye ?
4.      Apa gunane paraga ing sajroning crita ?
5.      Amanat apa kang bisa kojupuk saka crita drama ing dhuwur ?aranana 3 bae !
Crita Jaka Tingkir ing dhuwur, ccritakna kanthi ringkes nganggo basamu dhewe!
GARAPAN NGOMAH
Gawea kelompok, saben kelompok watara 4-6 bocah. Banjur gawea naskah drama, temane bebas. Aja lali unsur-unsur intinsik karya sastra (tema, paraga, latar, alur). Supaya rapi, naskah mau ketiken. Caosna bapak/ibu gurumu. Manawa wektune longgar bisa maju ing ngarep kelas.

1 komentar: