Selasa, 03 Mei 2011

MODUL PERTEMUAN XII

Pertemuan XII

A.   Parikan lan Wangsalan


Text Box: • Standar Kompetensi:

• Kompetensi Dasar:
 Menulis Parikan dan Wangsalan
• Indikator:
 Menulis kejadian sehari-hari ke dalam parikan dan wangsalan
 






       I.            RINGKESANING WULANGAN.
1.      Parikan
Parikan yaiku unen-unen rong perangan, kapisan kanggo pancadan, kanggo pencokaning swara. Dene perangan kapindho mawa teges kang dikarepake. Dadi parikan anduweni paugeran telung warna yaiku:
1.      Kadadean saka rong ukara kang dhapukane nganggo purwakanthi guru-swara.
2.      Saben saukara kadadean saka rong gatra,lan
3.      Ukara kapisan minangka purwaka, ukara kapindho minangka uwose.
Gathekna tuladha iki!
a         Nyangking ember kiwa tengen
Lungguh jejer nggo tamba kangen.
b        Ngisor nangka ana gubuge,
Nandur pari dimangsa walang.
Para mudha sopan rembuge,
Dadi conto pantes sinawang.




Gladhen
Parikan iki bacutna!
a         Semarang kaline banjir.
Aja sumelang.....
b        Purwodadi rak kuthane.
Sing dadi .....
c         Timun diiris-iris.
Wong ngalamun......
d        Jagung bakarane.
Wani tanggung....
e         Abang-abang ora legi.
Tiwas magang....
f         Blarak disampirake.
............................
g        Duren,duren; kweni, kweni.
.............................
h        Ireng dilorek-lorek.
.............................
i          Tuku jagung ning pasar legi.
.............................
j          Yen ora degan ya krambile.
..............................
k        Kembang mlathi,
Warna peni ngganda wangi.
Watak putri,.......
2.      Wangsalan
Setitekna ukara iki!
Mbalung geni, mbokmenawa ta.”
Mbalung geni iku mawa, disrempet kaya karepe, mbok manawa to.
Dadi tembung mbok menawa, entuke saka tembung kaya mangkono iku diarani wangsalan. Dadi wangsalan yaiku unen-unen saemper cangkriman kanthi mratelake batangane utawa tebusane sarana sinandi. Jinising wangsalan yaiku:
a         Wangsalan lamba, wangsalan kang mung isi batangan siji
b        Wangsalan rangkep, wangsalan sing mung isi batangane luwih saka siji.
c         Wangsalan memet,wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksude tetembungane ambal ping pindho.
d        Wangsalan padinan, wangsalan kang lumrahe ora mretelakake batangan sebab wong-wong wis pada ngerti batangane; lan
e         Wangsalan apurwakanthi-basa, wangsalan kang edi-peni,kepenak dirungu sebab migunakake purwakanthi-basa.

    II.            GLADHEN
Wangsalan iki terangna kok bisa ditebusi ngono iku keperiye?
a         Jenang sela ya mas, apuranen luputku.
(entuk saka tembung apu)
b        Mrica kecut, sauni-unine kok ya patut.
(entuk saka tembung ......)
c         Pasar cilik, sida wurung iki.
(entuk saka tembung ......)
d        Balung krambil, aja ethok-ethok ora ngerti!
(entuk saka tembung ......)
e         Kowe ki senengane nglemah bengkah, nyela-nyela bae.
(entuk saka tembung ......)
f         Sarpa plonthang, welingku aja lali ya !
(entuk saka tembung ......)
g        Kanjing jaja, titenana kowe!
(entuk saka tembung ......)
h        Aja nempe legi kang, macem-macem polah mu!
(entuk saka tembung ......)
i          Lenga mambu, wis kepepet kepriye maneh?
(entuk saka tembung ......)
j          Bantal dhawa ya Ngger, elinga marang Kang Mahakuasa.
(entuk saka tembung ......)
k        Njanur gunung Yu, kadingaren kowe mrene.
(entuk saka tembung ......)
l          Damar mancung Mas, cinupet samene dhisik.
(entuk saka tembung ......)
m      Tenan lho ya, yen saguh ki aja mbalung jagung, aja janggelan to Lik.
(entuk saka tembung ......)
n        Nyaron bumbung, nganti  cengklungen anggonku ngantu-antu tekamu.
(entuk saka tembung ......)
o        Sakjane ngono krungu, ning dheweke njangan gori, anane mung mbudheg.
(entuk saka tembung ......)
p        E, bareng diaturi priksa kok banjur ngrokok cendhak, neges-neges.
(entuk saka tembung ......)
q        Aja dumeh kuwasa, marang andhahan kok nganak cecak, sawiyah-wiyah.
(entuk saka tembung ......)
r          Carang wreksa lho Dik, babagan iki ora gampang.
(entuk saka tembung ......)
s         Gayung sumur, lamun kemba aja mundur.  
(entuk saka tembung ......)
t          Kapi jarwa, dakpethek mangsa luputa.
(entuk saka tembung ......)

3.      Bedane Wangsalan lan Parikan
Wangsalan karo parikan bisa kabedakake mangkene;
Nomor
Wangsalan
Parikan
1
2
Tanpa paugeran kang gumathok
Dhapukaning ukarane:
a         Wangsalane/ bedhekane
b        Batangane/karepe
Mawa paugeran kang gumathok
Dhapukaning ukarane
a         Pambuka/ pacadan/ pencokan
b        Wose utawa isine

Garapan Omah
1.      Gawea parikan kang isine kadadean sedina-dina!
2.      Gawea wangsalan kang isine kadadean sedina-dina!

2 komentar:

  1. kalau ga ada jawaban, ga bisa dipelajari. jadinya abstrak dan kurang berguna bagi pemula yang mau belajar.

    BalasHapus
  2. tolong dengan jawabnya jaga donkk....
    pusinhg aku..

    BalasHapus